TEKS EKSPOSISI UPACARA ADAT JAWA MANTU

TUGAS BASA JAWA
NDAMEL TEKS EKSPOSISI
“ UPACARA ADAT JAWA MANTU “
        Mantu, inggih menika salah setungggaling upacara adat Jawa ingkang nggadhahi damel ngomah-omahake putra-putrine ingkang sampun dewasa. Teng upacara adat mantu menika wonten rantaman adicaranipun inggih menika ; sedenrengipun upacara ijab lan sesampunipun upacara ijab.
        Dene sederengipun upacar ijab, wonten adicara ingkang asmanipun ndhodhog kori, ingkang ngadhahi ancas supados mangertosi kahanan calon penganten putri, bobot,bibit, lan bebete calon penganten. Nalika sampun sae kahanane penganten putri wau banjur dipunlajengaken adicara liru kalpika, sesampunipun adicara menika wonten malih adicara ingkang asmane siraman. Inggih menika nggadhahi teges supados calon penganten wau suci lair lan batine.

        Nalika adicara menika sampun kelampahan sedaya, banjur dipunlajengaken upacar ijab kobul.Nalika sampun banjur dipunlajengaken adicara ingkang asmanipu dodol dawet, ingih menika tiyang sepuhipun calon pengaten putri ingkang sadean dene ingkang badhe tumbas mbayarepun kalian reng gendeng, niki nggadhahi teges nalika sampun dados penganten, kedah kompak nalika madosi rejeki.

         Sesampunipun adicara menika, dipunlajengaken adicara paes, inggih menika cukur rambut, supados nalika dipunrias penganten saged rapi. Nalika sampun nglampahi adicara menika wonten malih adicara midodareni, inggih menika calon penganten putri mboten angsal kepanggih kalian calon penganten putra, penganten putri dipunwelingi kanthi bab “rumah tangga”teng keluarganipun ingkang  tiyang estri. Nalika sampun, dipunlajengaken pasang tarub, ta, tegese nata, minangka rub, tegese murub. Inggih menika supados ngayomi penganten kekalih.
      
          Sesampunipun dicara-adicara menika wau, dipunlajengaken adicara upcara panggih, ingkang wonten rantaman adicaranipun ; - Balangan gantal, inggih menika nggadahi teges penganten putra lan putri pamore sampun dibucal. – Midak tigan lan mijiki samparane penganten putra, nggadahi teges dibucale pamora penganten kekalih lan penganten putri bekti marang garwane. – Sinduran, tiyang sepuhipun masangake sindur marang penganten, ingkang nggadahi teges, sampun dipuntrima dados keluarga.

        Sesampunipun upacara panggih, dipunlajengaken upacara krobogan, ingkang rantaman adicaranipun ; -bobot timbang, penganten kekalih dipunpangku teng bapake penganten putri, ingkang nduweni teges adil. -kacar-kucur, ingkang nduweni teges penganten putra nafkahi penganten putri.-dulangan lan ngunjuk toya bening, nduweni teges urip kudu bebrayan lan pikiranipun kedah suci. Sesampunipun adicara menika dipunlajengaken sungkeman, ingkang tegesipun bekti marang tiyang sepuhipun, nalika sampun wonten malih adicara tanam tetuan, ingkang gadahi pangarep-arep ingkang sae.

                            

Komentar

  1. Mohegan Sun Arena Tickets - TicketSmatcher
    Buy 고양 출장샵 Mohegan 부산광역 출장샵 Sun Arena tickets at TicketSmatcher, the online and mobile-only venue 남원 출장샵 in 김천 출장마사지 Connecticut. Buy Mohegan 울산광역 출장안마 Sun Arena concert tickets

    BalasHapus

Posting Komentar